SEDYAKU déning: Sunardi K.S.
Wis, Jeng, Aku sumèlèh nyèlèhaké pangarep-arepku marang katrésnan lan kawigatènmu sing semu yèn nyatané amung seméné, cunthelé lelakonku
Pepénginku tansah sumandhing lan nrèsnani sliramu kudu dakprunggel sing luwih wigati, Jeng donga lan pengèstumu baé tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng, aku pamit, becik njembaraké pikir nggayuh kabegjan mring ati lan katrèsnan satuhu tan ora binagi ing liyan sempurna ing guritan siji















