Rika si Sapa?
Deneng wingi,
Wulan isin-isin ngumpet, wedi karo langit sing mendung.
Jere maras mbok kesamber gledek apa maing petir.
Lah siki,
Teka maning, teka maning, rika maing, rika maning.
Wong koh ora kena di penging.
Ora isin kaya wulan?
Ora maras mbok kenang amuk?
Aja kaya kue lah, mbok ndarani kenthir.










