Riyaya Kupat
Awit saking kathahipun alangan lan taksih salebetipun wulan Sawal, kula ngaturaken Sugeng Ariyadi 1 Sawal 1441 Hijriyah/1953 Jawa. Wonten seminggu sasampunipun dinten riyadi, kita sadaya nglampahi kabudayan 'riyadin kupat' utawi 'kupatan'. Pramila, kula ugi nyuwun wiyaripun samodra pangaksami saking panjenengan sami. Mugi sadaya amal kita wonten ing wulan Pasa lan Sawal sageda katampi déning Gusti kang Kuwaos saha nyuwun dedonga supados Indonesia pinaringan kawilujengan, tinebih saking rubéda.
Nuwun,













