Banowati... (sira ana ngendi, ora ngerti, mbok ya digoleki) Aswatama miling-miling angejangkung, mider-mider kaya sundari. (pindah ora pindah, pindo ora pindo, niga kaya kumbang angisep sarining kembang) Yen urip mung kelara-lara, trus gunaning apa ana swarga? (aduh, tulung, simbok, ana ngendi? sawangen iki ana wong kecemplung warih. glagepan datan bisa obah. pripun niki? tulung, aduh tulung, aduh biyung) Jenengku aswatama, bapakku Durna, ibuku Dewi Wilutama. Aku senapati sing ora nduweni bala. Uripe aku ora kaya wong priya, aku ora ana gunane. Kembang! (aduh, tulung, simbok ana ngendi?) Yen urip ora nduwe katresnan trus gunane apa sampeyan urip nang donya? Gunaning apa?! (ora aneng ati, mbokya digoleki) (pisan ora pisan, pindo ora pindo, niga kaya kumbang angisep sarining kembang) Jenengku Banowati, bojone Prabu Duryudana, aku tresnane mung karo Arjuna. Nadyan aku nduwe bojo Prabu Duryudana, aku ora jujur karo tresna sing tak duweni Banowati lan Aswatama, bocah bajang sing nggoleti urip nganggo cara dhewek-dhewek. Nyatane urip kuwi mung dhewekan. sampeyan urip nang donya lair nang donya mung dhewekan. sepi, semakin sepi dalam hati, entah kemana, biar ku bebas pergi jauh.
(swargi) Ki Slamet Gundono, 2000, dalam lakon Aswatama Nglandak project Kalasinema











