Kasusastran Jawa lan Sikap Tinarbuka
Ana ing owah gingsiring kasusastran Jawa, adu pangajab, adu pamanggih pamanggih wus dudu barang kang aeng. Mung pitakonane: sepira prelune kanggo sastra Jawa dhewe?
Awal Juni 2016, harian Solo Pos macak tulisane Sugeng Wiyadi kanthi irah-irahan “Kemana Perginya Pulung Sastra Jawa?”. Dosen Unesa kang kawentar kanthi sesinglon Keliek S.W. iki mbabar pangangen-angene bab Solo ing wuri, gayutane karo sastra Jawa. Keliek nganggep pulung sastra Jawa nate tumurun ing Solo. Mula dheweke ngangkah pulung iku bisa digawa bali maneh myang Solo.
Tulisane Keliek, kang sebanjure diunggah ing medhia sosial, banjur nuwuhake maneka tanggepan saka sutresna sastra Jawa. Redaktur budaya Solo Pos, Ichwan Prasetyo, lantaran medhia sosiale ngajak sok sapaa nganggepi tulisane Keliek. Sok sapaa sumangga ngramekake rerembugan alias polemik bab “pulung sastra Jawa”. Sawise iku jeneng-jeneng kaya dene Dhanu Priyo Wibowo lan Bonari Nabonenar urun wicara ana ing kana.
Tulisan iki dudu arep mbabar maneh bab pulung sastra Jawa, apa dene Solo. Sanyatane, polemik bab pulung sastra Jawa kalebu babagan kang ora patiya wigati dibahas gayutane karo perkembangan sastra Jawa.
Apa ta sajane kang dibutuhake sastra Jawa saiki?
Kasunyatan sastra Jawa jaman iki yaiku Jawa wis ora kapusat. Jawa wis dudu Yogyakarta lan Solo. Kasusastran Jawa jaman iki uga nyebar ing Tegalan, Penginyongan (eks-Karesidenan Banyumas), Bojonegoran, lan Surabayan. Saben dhaerah kasebut ana kang duwe pawongan, organisasi apa dene medhia massa kanggo nggebyarake kasusastran Jawan ing dhaerahe.
Saben dhaerah kasebut uga duwe corak dhewe ing kasusastrane. Upamane Tegalan. Tegalan duwe gaya basa dhewe kanggo unjuk kaprigelan ing olah sastra. Bukti sahihe yaiku Lanang Setiawan, sastrawan Tegal kang ginanjar Rancage Award ing bidang pengembangan sastra Jawa dialek Tegalan.
Penginyongan uga duwe kalawarti Ancas minangka sarana nyalurake asil olahing sastra. Taun iki bae kawasan Penginyongan arep nganakake Konggres Penginyongan. Konggres iki sedyane minangka pra-Konggres Basa Jawa VI lan uga ngrembug lumakune sastra Jawa Penginyongan sebanjure.
Tuladha ing ndhuwur cetha-cetha mituduhake menawa saben dhaerah ing Jawa sajane duwe potensi kanggo ngembangake kabudayane, kalebu kasusastrane. Iki babagan kang wigati kanggo Jawa sangarepe.
Ing jaman kang tansah ngalami owah gingsir, kabudayan Jawa sacara makro mbutuhake sangga kang kuwat. Yen ta sanggane bae kapusat apa dene mung pirang iji, kabudayan Jawa gamppang rubuh. Gampang dijuwing.
Mula metune saben dhaerah ing olah kasusastran Jawa, miturut carane dhewe-dhewe kalebu adi-sasmita kang kudu ditanggepi dening para sutresna Jawa. Iku nuduhake yen ta kasusastran Jawa pancen berkembang apik.
Pikiran-pikiran kang ngugemi sastra Jawa kudu kaya ngene, kudu kaya iki sejatine kudu dibuwang. Apa sebabe? Ya ora liya mau yen ta saiki jamane tansah ngalami owah gingsir. Mula, wus samesthine Jawa njamani.
Kaidah-kaidah babagan budaya Jawa dhewe prayogane uga kudu rinubah. Jawa kudu siyap nampa, nglebur kabudayan saka njaba kang rinasa prelu kanggo laku sabanjure. Nanging pemutane: eling lan waspadha.
Eling yen ta Jawa iku kabudayan tuwa, kabudayan kang oyode jero. Ora kabeh kawruh, paham saka njaba bisa langsung patrap. Mbokmenawa butuh waktu, mbokmenawa butuh cara-gabung kang beda-beda.
Saliyane iku uga kudu waspadha mring kabudayan sanjabane Jawa. Sabab kabudayan duwe plus-minus. Mula kudu disetiteni kepiye guna kabudayan njaba iku mring kabudayan Jawa dhewe.
Kanthi sikap tinarbuka iku. pengembangan budaya Jawa salumrahe temu-gangsar. Kamajuane nemu dalan jembar lan lancar. Sikap iki kang prayogane kudu dinarbe dening sok sapaa kang ngaku sutresna Jawa.
Saka sikap tinarbuka mring kabudayan sanjabane Jawa, Jawa bisa ambyur ing jagad kabudayan global. Jawa bisa urun rembug, matrapake dhirine ana ing dharatan akbar kabudayan global. Dadi, bisa diarani yen pikiran-pikiran kuna kaya ta kabudayan Jawa bakal dilindhes budaya manca iku sajane ilusif.
Para leleluhur wis nuladhani laku tinarbuka iku lumantar kitab-kitab agung asil saduran saka karya sastra manca, kaya ta kakawin Ramayana lan Bharatayudha. Kitab kasebut dadi gegaran carita wayang kang isih lestari nganti sepriki.
Candi-candi kang kukuh-jejeg saindhening tanah Jawa, uga ora bisa kalirwakake minangka adi-tuladha. Tetilaran luhur kasebut mbuktekake prigele janma Jawa ngadani panunggalan watara budaya Jawa lan budaya manca.
Pranyata, janma Jawa ing wuri uga wis maju pamikirane. Saiki kita, minangka panerus, arep kepiye: arep saderma nampa waris apa manunggalake tekad kanggo nglestarikake-ngembangake warisan kasebut?
Rasa-rasane, jawaban saka pitakonan kasebut nora prelu nunggu tumibaning pulung apa dene nebar ontran-ontran aran polemik iku.
Banyumas, 2016
RJ��'[l���







