Sedulur, sedulur. Aja dha udur yo sing akur. Sedulur, sedulur. Welas asih padha ditandur. Awake dhewe kabeh sedulur. Nyawiji siji ing guyub lan rukun. Tansah ngajeni lan ngopeni. Gugur gunung hanjaga pakerti. Asah tanpa amarah. Asih tanpa pamrih. Asuh supaya tuwuh. Pasedulurane kukuh. Sing wuta dituntun. Yo dha padha mlaku bareng. Sing lempoh dijunjung. Merga jagade peteng. Yen liyane ngumbar angkara. Ben dhewe milih nyebarake tresna. Jo dipikir, jo, jo, dipikir. Warna kulit, agama, guyub rukun, tepaslira. Yo dho mikir, yo, yo, dho mikir. Crah agawe bubrah, rukun agawe sentosa. Menang dadi areng. Kalah dadi awu. Marang sedulur. Rasah dha padu. Ora sanak, ora kadang. Yen mati melu kelangan. Agegaman kamanungsan. Migunani tumraping liyan. Beda guru aja nesu Beda bapa ora papa. Sing penting tunggal tinemu. Beda iku kodrate manungsa. Sedulur, sedulur. Aja dha udur yo sing akur. Sedulur, sedulur. Welas asih padha ditandur. . Angkatan XX . @ukmkesenian_unej #sedulur #brotherhood #ukm #kesenian #unej #ukmkesenian #ukmkesenianunej #anggotamuda #angkatan20 #guyubrukun (at UKM Kesenian UNEJ)










