Urip iku urup. . Uripmu urupana kanthi ngelakoni laku lan lelakon, supados iso nguripi lan ngutipke uripe liyan. Saknyatane lelaku ing sakjeroning urip iku kaya mlaku ing pinggire jurang, mlayu ing oro - oro kang ngungkuli langit. Urip utawa umur iku pindha cerita cekak. Nanging lelakon sakjeroning urip pindha cerita kang ora ketemu pungkasane. . Lakokna lelakonmu, dadekna cerita kang bakal dadi pepeling canggah warengmu. Budi pakertimu kang dieling - eling, dudu wadhag lan wadhukmu. . Ana wewadi kang kasingitake dedening pepesthi. Satiti ngati - ati, tanpo wedi, mung iku kang sakderma janma den lakoni. . . Matur nuwun, Gusti. Kulo manut dalanmu, opo sing mbok paringi bakal tak tompo lan tak syukuri. . . Gumelar, 14 Mei 2020 03:07 Wib . #qohwah #urip #urup #semar #filsafat #sufisme #ngajidiri #renungan #umur #piwulang #jawa #falsafahjawa (at Gumelar Lor) https://www.instagram.com/p/CAJAuR9AvT1/?igshid=wpkxa2x0bfa