Duit 200 triliun wis di cairaken ning bank-bank pemerintah, contoe bank Mandiri, BRI, BNI, BTN, dan BSI. jare mah tiap bank kebagian duite beda-beda, Bank Mandiri, BNI, dan BRI masing-masing nerima Rp 55 triliun, BTN nrima Rp 25 triliun, lan BSI nrima Rp 10 triliun.
Bli kebayang duit semono lamon di tumpuk di gawe kasur nggo turu, kira-kitra bisa turu beli ya?
apa sih dampake? kita mah ora ngarti cuma wong kampung kang.
dadi mengkenen kang, singkate lamon bank nrima dana 200 t mau, iku ora cuma-cuma kang, ana istilah arane Deposito On Call (DOC), beda karo rekening giro / tabungan biasa. dadi pemerintah ngupai duit ning bank iku nganggo skema Deposito On Call (DOC) contoh lamon kita deposit ning bank Rp500.000.000 suku bunga 4% lan tenor 10 dina, bunga kotore adalah Rp547.945, beda karo tabungan rakyat jelata kaya kita Rata-rata bunga tabungan giro ning Bank BUMN umume cilik, kisaran dari 0% (Wadiah) Sampe sekitar 1,75% per tahun. ( Coba bae di deleng ning buku tabungane dewek-dewek "Berbisik dengan nada lembut".
Dadi pemerintah mai duit 200T nganggo Skema Deposito On Call (DOC), mulane sing pusing ya para pemimpin bank, Tapi ya ana sing luwih mumet iku ya Mantri bank.
Gelem ora gelem ya duit mau kah kudu di selang-selangena ning masyarakat karena duit mau kah kudu ana manfaate, lamon ndekem bae ning kas ya bank rugi, nomboki bunga Deposito On Call mau kah.
Pertanyaane, masyarakate gelem nyelang duit beli ya ning bank-bank pemerintah? tapi kaya-kayane masyarakate mong jeh bungane gede, ana jaminane pisan. enak nyilih ning batur, laka bungane wayah jatuh tempo ya bayare Karo tukaran.
Nah ning kene hukum penawaran dan permintaan berlaku, jare Hukume menjelaskan bahwa harga suatu barang atau jasa ditentukan oleh interaksi antara jumlah yang ditawarkan (Bank) dan jumlah yang diminta (nasabah kredit). Jika permintaan melebihi penawaran, harga cenderung naik; sebaliknya, jika penawaran melebihi permintaan, harga akan turun. Titik di mana penawaran sama dengan permintaan disebut harga keseimbangan atau titik ekuilibrium.
Mantri bank pasti lagi pada muter -muter kaya kitiran luruh nasabah kredit sing gelem ngutang ning bank, tapi masyarakate ora gelem jeh priwe, ya mantri bank tambah mumet, lapor ning pimpinan, pimpinan mumet maning, akhire para pimpinan bank menurunkan suku bunga kredit, otomatis bunga deposito gah turun. Seuwise nurunaken suku bunga tp masyarakate masih ora gelem sih priwe ya?. ya wis aja di paksa oh pak mantri bank, bokat masyarakate pancen ora gelem ngutang ning bank ya wis, dari pada di paksa ngutang tapi duite ora di golang duite malah nggo biaya sing sifaté konsumtip, apamaning lamon wis kenal Judol, Depo maning-depo maning. lamon ngutip ning Katadata.com jumlah pemain judi online ning Jawa Barat diperkirakan mencapai 535.644 orang, dengan nilai total transaksi Rp3,8 triliun, peringkat tertinggi se indonesia jare mah. lamon di bagi rata tiap kabupaten kota ana 19.838 wong sing maen judol, kuen gah sing kedata, durung sing maen judi offline ya embuh ana pira. itung itungan kasar tiap kabupatèn /kita ana wong top-up Rp. 10.000 x 19.838 = Rp. 198.280.000 / hari duit sing nguap embuh mendi mlayune. dudu masalah angka utawi duit, tapi potensi uang sing nguap laka manfaate. wujud duite mah masih ana muter-muter ning kampung-kampung, tapi nilai duite wis berkurang karena duit mau ora di blanjaaken barang / jasa, tapi nguap bersama harapan kosong para penjudol mau kah. Secara bli sadar nilai duit mulai mudun, akhire sing di rasa masyarakat barang barang kebutuhan pokok pada naik regane, padahal dudu rega sing naik, tapi nilai duit mau sing berkurang. Trus gah durung ana sejarah wong judi uripe kepenak, malah akeh cerita nyata keluarga,anak, rabi berantakan gara-gara judol, bahkan ana sing sampe nekad. Bener jare sang raja dangdut bang Haji Rhoma Irama Judi Kuen melahirkan perbuatan keji.
Balik maning ning topik Awal, kebijakan mentri Purbaya Yudhi Sadewa sebenere menyasar masyarakat menengah atas, supaya masyarakan sing pada due duit aja di simpen ning bank bae, harapane wong sing sugih mau pada narik duite sing ana ning bank trus di investasiaken ning sektor Ril, minimal di blanjakaken ning sektor ril,aja di depositaken bae ning bank karo sikile uncang-ncang angge nikmati bagi hasile bae. artine kebijakan kie memangkas laju peredaran duit sing awite berasal dari wong sugih -> di depositaken ning bank -> di kreditaken ning masyarakat -> masyarakat bayar pokok + Bunga -> Pemodal untung bagi hasil. angger beh sing di peres masyarakat bawah maning.
Anane kebijakan kie paling beli gawe wong sugih mau mikir. daripada di simpen ning bank sing bungane cilik, mending duite di golang nggo usaha. Lamon wong sing sugih mau nggeburaken duite kabeh nggo usaha sektor ril, paling beli tercipta lapangan kerja baru endah wong kaya kita bisa kerja, baka wis kerja kan gajian orah cah?, baka wis gajian ya depo maning...... eh angger bae ya arane muter muter banyu sebaskom, kalesan.