Sugeng enjang Kakung Dalem sowan mbeto pawartos Kung dalem lolos seleksi mlebet Pascasarjana Kung Kulo eling sanget naliko Jenengan tasih sugeng tiap kulo kepanggih dinten sabtu mesti jenengan tanglet "Pye kuliah e?, wes mulai kuliah po durung?, kuliahmu wes tekan endi?, kuliahmu sak iki bayar e piro?, kapan mulai kuliah?". "Kulo naming jawab dereng kung kulo tesih nyambutdamel nyuwun pangestu kalihan dongane kemawon akhir tahun kulo resign terus siap-siap dingge kuliah amargi sakniki kedah mbeto proyeksi proposal menawi ajeng daftar pasca kung" "Tak dongakke terus pokok e isoh kuliah lancar s2ne" "Amin" Dinten niki dalem angsal layang isinipun dalem lolos seleksi proposal dados e saget mlebet kung benjang akhir wulan niki dalem mulai pembekalan materi pra-kuliah kung. Dalem nyuwun pangestu mugi tansah pinaringan kelancaran kuliah saking Alloh SWT dumugi wisuda gih kung Mugi kakung gih pinaringan kententreman wonten sandingipun Alloh SWT ugi sedoyo aman kesaenan panjenengan ditampi kung Khusushon ila ruhi kakung KH Djaiz Marjono Al-Fatihah #family #familylife #mornings #kakung #grandfather #cucu











